Kumpulan Humor JAWA dari facebook


Episode 1 :

iki critane sardot lagi reunian
sardot sing lagi teko langsung gabung
karo sodron, paijem,lan juminten sing
lagi ngmongke profesine dewe dewe

sardot : ono opo iki kok asik temen?

jumini: iki lho jare juminten, dolanane
awak dewe jaman cilik iku opo sing
dadi profesine awak dewe saiki

sodron: yo bener kuo, aku sing disik'e dolanan motor motoran saiki iso dadi
pembalap..

juminten : lha aku disike seneng masak
masak an, saiki malah dadi chef
internasional

jumini : aku ugo dadi bidan, mergo
disike aku seneng dolanan boneka

sardot sing meneng wae awit mau
ngrungokke koncone crito banjur di
takoni sodron

sodron: lapo koe dot, kok meneng wae...dolananmu disik opo kok koe iso sukses
koyo saiki

sardot : ngene dron, profesiku iku kan
sexsolog
dadi koe podo ngerti to dolananku
jaman cilik opo...


Episode 2 :

Sardot sing berprofesi dadi dokter isuk iku dolan nang omahe sodron

"dron py kabarmu..suwi ora kepethuk"

"apik dot...tak kiro kowe wis lali karo aku ...drajatmu kan wis duwur ..wis dadi dokter..

"najan drajatku duwur aku ora lali karo kowe dron...kowe sahabatku sing apik dhewe...ohyo dron aku arep curhat sithik karo kowe"

"arep curhat opo? Kok katone serius"

"ngene lho knopo aku ora isoh ngilangi kebiasaanku slingkuh karo pasien2 ku"

"iku wis wajar tow dot nak dokter slingkuh karo pasien2ne,jenenge manungso normal"

"Tapi dron..."

"wis ora usah di gawe pusing..nak perlu aku njaluk siji"

"tapi dron..akukan Dokter Hewan"

"HAHHH !!!!"

cah bagus


Episode 3 :
Saknalika sardot mulih mabok seko bar mergo frustasi tresnone di tolak juminten

ing tengah dalan,wetenge sardot kroso luwe

akhire sardot mampir warteg'e sodron tuku mangan

(mabok)
"woi..pesen sego sak porsi..!!"

"injih dot..lawuhe nopo?"

"endog dadar pedes siji wae..mergo dwit ku mung limangewu..ora nganggo suwi"

"di entosi skedap dot..kulo gorengke rumiyin"

akhire sodron mlebu pawon gorengke endog

nanging sial,endog'e mung gari siji,bosok sisan

banjur sodron laporan mukri

"pie iki kri..endog'e gari siji,bosok sisan.."

"ojo khawatir dron..gorengno wae,sardot kan mabok..paling ora weruh"

10menit pesenane sardot dadi

saking luwene,sardot langsung mangan sego endog

banjur wareg,sardot langsung bayar

"dron..endog'e kulak ngendi?"

"niku ternak pithik piyambak dot.."

"mesti pithik'e mari di perkosa kucing yo dron.."

"memange nopo dot..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"endog'e rasane mirip t*i kucing!!!"

Episode 4 :
Sardot sing dadi preman galak tur kejem bengi iku mlebu nang warung karo pacare juminten.

Teko jero warung, sardot langsung nyedak'i wong sing podo jajan nang warung karo takon.salah sijine mat jabrik sing di takoni sardot

Sardo : "jawab sing jujur !! Pacarku karo sandra dewi ayu ndi? !!"

Mat jabrik : "anu mas...tasih ayu sandra dewi.."

"Plakkk !!" mat jabrik langsung di kaplok sardot karo ngo
mong " kowe menghina pacarku yow?."

Sardot banjur nyedak'i Mukri

Sardot :"cobo jawab sing jujur.!! Pacarku karo sandra dewi ayu ndi?!!"

Mukri :anu mas...ayu pacare sampean sithik tp isih akeh sandra dewi.."

"Pluukkk" Mukri langsung di tapuk lambene karo sardot ngomong " kowe pancen menghina pacarku.."

Sardot langsung nyedak'i sodron

"cobo jawab sing jujur !! Pacarku karo sandra dewi ayu ndi?"

" ayu pacare sampean mas ..yakin aku ora ngapusi"

"hehehe...yo kowe wong siji-sijine sing ngomong pacarku ayu"

Sardot banjur jupuk botol kecap lan di keprukke sodron karo ngomong " nyoh iki opah2mu wong sing tukang NGAPUSI"

*SODRÖN LANGSUNG KLENGER*

cah bagus

Episode 5 :
Iki critane isuk2 sardot arep berangkat sekolah lan pamitan karo bapakne.
Terus bapakne sardot pesen karo sardot

"pokok'e mengko nak hasil Ujianmu wuelek kowe ojo kenal bapakmu maneh !! Ngerti !!"

"ngertos pak "

Awane sardot mulih seko sekolah.
Bapakne banjur takon 

" piye le hasil ujianmu"

"jenengan sinten nggih?"

Cah bagus

Episode 6 :
Isuk iku sardot lungguh ngarep omah sinambi ngopi lan udud(mgrokok)

Ora suwi sodron teko karo ambegan ngos ngosan

Sardot sing penasaran bamjur takon

"lapo kowe ngos ngosan dron?"

"aku nembe liwat ngarep kantor polisi dot...aku weruh akeh wong ngrokok podho di cekeli..."

"hah...tenane dron...?"

"iyo aku ora ngapusi dot...mulo mending rokok mu kanggo aku wae"

Sardot sing wedi banjur masrahno rokoke marang sodron banjur mlebu omah laporan karo mukri bapakne

"pak...sanjange sodron ting kantor polisi kathah tiyang ngrokok podho di cekel...mulo bapak ampun ngrokok malij nggih..."

"hahaa...dot dot...goblok kok di rabuk,kapan kowe pinter?"

"bapak kulo sanjangi kok malah ngonekno kulo goblok?"

"tak kandani yo le...nandi wae wong ngrokok kuwi di cekel...yen ora di cekel,pie oleh mu iso ngrokok...opo ameh mok emut terus?"

Sardot: (nithili asbak)


Episode 7 :
Alkisah sardot ameh rabi karo juminten mantan PSK

mergo ora pingen nguciwake(mengecewakan) sardot babakan keprawanane,juminten sambat marang paijem

"jem..dhilit kas aku ameh rabi karo kang sardot.."

"wah..yo apik jum..terus dening ngopo kowe katon sedih ngono?"

"kowe ngerti dhewe,aku iki mantan PSK..wis mestine aku ora prawan..aku wedi kang sardot kuciwo weruh aku wis ora prawan pas MP(Malam P
ertama)"

"gampang kuwi jum..kowe jupuk sumbo abang,mengko sakdurunge icik icik ehem,sumbo mau mok lebokno ning anu-mu..beres tow.."

"ide mu apik jem..suwun yo.."

sesuke juminten rabi karo sardot

wengi pas ameh MP,juminten grogi nganti salah jupuk werno sumbo

singkat crito,mari icik icik ehem,sardot kaget mergo sing metu seko anu-ne juminten wernane ijo

"lhoh dik..sing metu kok malah werno ijo..opo pean wis ora prawan?"

karo tenang juminten mangsuli

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"anu-ne pean kedhawan mas..mulo nusuk tekan empedu ku.."

Episode 8:
Juminten iku wong wedhok asal semarang sing dadi TKW ning taiwan

saknaliko juminten sing isih mlaku mlaku ning taman kota,weruh kecelakaan karambol sing nglibatke 3 mobil

mergo jiwo penolonge dhuwur,juminten langsung tilpun 911 jaluk bantuan masio boso inggrise pas pas'an

"hello..good morning madam..may I help you?"

"officer..one car come,one car go.the third car nabran,lha njur everything ya 
broke.one car no stop.one,two,three,cars buum buum!you know?and than mak grobyaak!yes,like that.like the roolling stones gemlundhung from the mountain..krosaak krosaak..gabruus..gabruus"

juminten nerusno kedadiane

"wah,one car ngguling ping pirang pirang.the sound like mirror mirror.on the wall di bandhem watu..krompyaang..!!
one people game over,one man bloody bloody,one woman cry cry so loudly!"

petugas sing bingung mung meneng wae

akhire juminten nutup crito lewat tilpun

"officer,send me nguiing nguiing car quickly..okay..thanks!!!"

Episode 9:
Iki critane isuk-isuk Sardot lagi ngobrol karo bapakne si sodron

"pak..aku krungu bapak entuk jatah mobil dinas seko kantore bapak yo?"

"iyo le...tapi mobil iku nak wis rampung mergawe tak balikno kantor maneh"

"knopo bapak ora gowo mulih wae pak..bapak kan ora susah-susah numpak angkot"

"wegah le..bapak pilih ongkos angkut wae" 

Isuk'e sardot ameh mangkat sekolah pesen karo bapakne

"pak mengko mobil dinase gowo mulih yo pak."

"tapi le..."

"pokok'e gowo mulih pak...soale mobile arep tak gowo nang mall nonton bioskop karo juminten"

Sorene sardot takon bapakne maneh

"lha ndi pak mobile?"

"kae le mobil dinase bapak" sodron karo nuding (nunjuk)

"Haahhhh !!!! Iku kan mobil..."

"iyo le...iku mobil PEMADAM KEBAKARAN..bapak pesen nak nyupir ngati ati yo"

Cah bagus


Episode 10 :
Kanggo jogo kesehatan,sardot jogging(lari pagi) saben isuk ning lapangan manahan solo

ning lapangan pas jogging,sardot weruh paijem,PSK ayu lan seksi nanging seneng mangkal ora ngerti wayah

"limangatus ewu mas.."
(kandane paijem nawakno awak)

nanging sardot meneng wae lan nglanjutno jogging

sesuke sardot jogging maneh

ning lapangan,sardot ketemu paijem maneh

"telungatus ewu mas.."

sardot tetep meneng lan nglanjutno jogging banjur mulih omah

sesuke,sardot jogging maneh

ning lapangan,sardot ketemu paijem maneh

"satusewu mas.."

nanging sardot meneng lan nglanjutno jogging

sesuke,mergo curiga,juminten bojone sardot iseng iseng melu sardot jogging

ning lapangan,sardot ketemu maneh karo paijem

nanging ning lapangan pas ketemu sardot karo juminten sing ireng tur lemu,paijem malah guyu karo mbathin

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"walaah mas..salahe sopo wing wis tak wenehi rego murah wegah..saiki malah entuk mu model koyok ngono"

Episode 11:
Awan iku sardot mlaku mlaku ning java mall semarang

pikire,sardot mlaku mlaku sinambi ameh tuku blackberry anyar

nembe enak enak melbu metu counter,sardot kebelet nguyuh

mergo wis ora betah ngempet,sardot langsung mlayu melbu toilet umum sing enek ning mall

mari nguyuh,ning lawang toilet,sardot di cegat juminten sing ugo mari nguyuh ning toilet umum

"mas..pean opo wuto(buta) huruf..?"

"maksute pean opo mbak..kok ngomong ngono..?"

"cobak di woco mas..kae ning lawang enek tulisane "KHUSUS UNTUK WANITA"..lapo pean tetep nekat nguyuh ning kono..?"

"kosik mbak..pean ojo salah songko dhisik karo aku.."

"salah songko pie mas..pean kuwi sing salah,isih wae ngeyel.."

"ngene lho mbak..yen pean pingen weruh,iki kan ugo "KHUSUS UNTUK WANITA"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

(Kandane sardot karo mbenakno slerekan/resleting)


Episode 12:
Bengi iku sardot nawar rego marang cah wedhok ayu lan sexy sing jenenge juminten

"piro mbak..?"

"telungatus ewu mas.."

"kok larang mbak..opo ora iso kurang..?"

"semono wis termasuk tak diskon mas.."

"yo wis semono..langsungan wae yo mbak.."

"lhoh..opo ora cobak di elus elus lan di cobak dolanan dhisik mas..kok langsungan.."

"ora usah mbak..pikiran ku wis ora karuan lan wis ora sabar..mergo mau awan wis ngelus elus lan dolanan gonane paijem konco kantor ku.."

"hmmm..nggih pun,yen ngoten kulo pasangi kondom riyin nggih mas..kersane mboten lecet lecet..gratis kok kondome.."

"aku nurut pean wae mbak..apik'e pie.."

banjur kuwi juminten langsung masangno kondom

"sampun mas..kondome sampun kulo pasang ing barange jenengan.."

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"matur suwun mbak..kapan kapan di wenehi diskon rodhok gedhe umpomo aku tuku hp cr*ss maneh ning kene yo mbak.."

member: (piktor bin omes)

Episode 13:
Mergo wetenge luwe,sardot mlaku mlaku ning alun alun ameh tuku mangan

tekan alun alun,sardot weruh dagangan akeh banget,mulai seko bakso,soto,mie ayam,lsp

akhire sardot mutusno melbu ning warung soto sing jarene pancen enak rasane

ing jero warung,wis akeh wong podho tuku

ora sengojo sardot weruh wong wedhok ayu jenenge juminten lungguh pojokan

banjur sardot melu lungguh nyedak ning kono

atine sardot deg deg'an,pingen kenalan tapi isin mergo rupane sardot elek

5menit ngenteni pesenan soto,ora nyono ora ngiro,ujug ujug(tiba tiba) malah juminten nyuoro

"Mas..mas.."

(grogi)
"i..iyo mbak.."

"mas..mas.."

(soyo grogi nanging PD)
"aduh mbak..awit mau ngundang ngundang..opo ameh kenalan karo aku mbak..?"

"mas..mas..mas ojo di plerok'i..mas..mas..mas ojo di poyok'i..jaluk ku di esem'i.."
(Sworene juminten karo mbenakno headshet hp'ne)

sardot: (ngelek mangkok soto)


Episode 14:
Ning warjok(warung pojok),lagi ngumpul sardot,sodron,lan mukri

ning warjok,wong 3 mau geguyonan ngalor ngidul sinambi nyruput kopi ireng

wong 3 banjur crito soal dhisik rabi karo bojone dhewe dhewe

Sodron: aku di wenehi kanca kanca motor harley..mergo aku karo paijem nikahe ning amerika

Mukri: kuwi durung spiro..aku di wenehi kanca kanca mobil ferrari..mergo aku karo markonah nikahe ning italy


pas sodron lan mukri asyik crito,sardot mung meneng wae

akhire sodron lan mukri takon marang sardot

Sodron+mukri: lapo kowe meneng dot..kowe kan wis rabi karo juminten,mesti duwe crito lan di wenehi hadiah/kado

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Sardot: aku mung di wenehi jempol kanca kanca..mergo nikahe ning facebook dron,kri..

sodron+mukri: (Jupuk hp,pesbukan,menehi jempol sardot)


Episode 15:
3 ulan nyambut gawe,sardot di ganjar dadi wong sugih

awan kuwi sardot pingen makan siang ning restoran terkenal lan gedhe

nanging unike,restoran iku adol panganan khas jawa

ning restoran,sardot pesen menu sing jenenge asing ning kuping...crash coffee,banana fliter,rice in banana leaf,crispy tofu,fried casava,lan green spring roll

15 menit ngenteni,menu sing di pesen sardot dadi

nanging sardot kaget mergo menu sing di suguhno ora sesuai karo sing di pesen

(rodhok emosi)
"pelayan"

"injih pak"

"iki maksut mu opo..aku mau pesen menu sing enak enak..yen mung koyok ngene,ning angkringan wae akeh!"

"niki pesenan sesuai ingkang bapak pesen..
-crash coffe=kopi tubruk
-banana fliter=gedang goreng
-rice in banana leaf=lemper
-crispy tofu=tahu goreng
-fried casava=telo goreng
-green sping roll=lumpia
nopo badhe kulo tambahi black ebi sauce pak..?"

"hah..opo maneh kuwi..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"PETIS IRENG Pak"


Episode 16:
Mulih sekolah sardot seneng banget,mesam mesem katon wong menang kuis

tekan omah,sardot di takoni juminten ibune

"lapo le..anake simbok sing bagus dhewe mesam mesem..?"

"niki mbok..wau ting sekolah ulangan kulo angsal nilai 100.."

"oalaah..pancen pinter tenan kowe le..ora rugi simbok adol sawah kanggo biaya sekolah mu.."

"hehew..alhamdulillah mbok..niki kan ugi berkat pandongane simbok.."

"bener le..saben wengi simbok donga,supayane awak mu pinter,iso dadi mentri.."

"mboten purun dados mentri,kulo pingen dados presiden mbok.."

"sak karep mu le..pingen dadi opo wae..simbok melu seneng..ngomong ngomong endi kertas ulangan mu le..simbok tak ndelok.."

(ndudohno kertas ulangan)
"niki mbok..

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Matematika=30
Kimia=40
Bahasa=30

Juminten: (ngrikiti kertas ulangan)


Episode 17:
Iki critane sardot lg lungguh nang taman.
Ora suwe,ono anak muda sing pakeane gaul lan cukuran jabrik layak'e anak punklungguh nang sisihe sardot. Sebut ae jenenge sodron..

sardot sing weruh tampang lan berpakaian koyok gembel amargo rai, kuping , awak'e kebak tindik'an lan tatoan ndeleng kanthi sinis..

Sodron banjur takon

"ngopo pakde sampean ndelengi aku koyok ngono? Opo sampean durung nate w
eruh wong dandan koyok aku iki...iki jenenge anak gaul jaman sekarang pakde..sampean ojo gumun"

"nak trimo nakalmu aku ora gumun le...aku yo tau ngalami dadi anak muda...opo kowe wis tau merkosa pitik?"

"durung pakde...emange sampean wis tau merkosa pitik yo?"

"wo yo jelas now..umpomo pitik'e kuwi ngendog terus netes (menetas) mesti anak'e sak umuran kowe."

Sodron banjur ngrangkul sardot "bapak...wis pirang-pirang taun aku golek'i kowe pak.."

*sardot langsung kejet-kejet*

cah bagus


Episode 18:
Iki critane sardot menyang klinik arep berobat amargo penyakite wis pirang2 dino ora mari-mari (tidak sembuh)

"nopo sing saget kulo bantu pak?" jare doktere

"dok sak derenge kulo nduduhaken bab penyakit kulo,dokter ampun guyu lan ngejek kulo"

"aku janji lan sumpah ora bakal guyu"

Sardot langsung mlorotke celone..

Dokter sing weruh ikune si sardot sing gedene sak potlot (pensil) lan dawane mung 2cm langsung guyu ngakak karo gulung kuming

"HUAAHAHAHAHAHA!!!!"

"Lho dokter wau sampun janji mboten guyu kok malah dokter guyu ngakak? Ngenyek kulo nggeh?"

"sepurone pak kulo wau keceplosan..kulo janji nak kulo guyu malih kulo mang kaploki mawon"

"janji lho nggih"

"inggih pak kulo janji..terus keluhane bapak nopo?"

"nganu dok...niki lho dok...ANU kulo mpun 5 dinten ABUH kok mboten mantun-mantun"

"HUAHAHAHAHA !!!"

"PRAKKKK!!! "(Doktere di kepruk kursi sardot)"

cah bagus


Episode 19:
Critane sardot lg ngopi nang warung jero pasar, ora suwe sodron mlebu warung lan wong 2 podo ngobrol

"woy dot piye kabare?"

"apik dron..suwe ora ketemu piye kabarmu?"

"apik-apik wae,.kowe jare wis nikah yo? Lha ndi bojomu?"

"lagi blonjo.."

"kok kowe buru-buru nikah dot? Mesti kowe pacaran terus konangan terus di grebek masa terus dinikahke yo" 

"ora ono critane sardot di grebek masa..kowe ngerti dewe kan cewekku wuakeh...nah di antara cewek-cewek mau sopo sing ngomong ilove you karo aku lngsung tak nikah..jaman saiki cowok pantang nembak cewek"

"oh ngono tow..opo kae bojomu sing nganggo klambi abang dot? Ayu tenan bocahe"

"udhuk..kae mantanku..kae ora wani ngomong ilove you yo karo aku"

"opo kae..sing nganggo krudung abang..sing irunge mbangir?"

"udhuk..kae lho bojoku sing nganggo klambi batik" (sardot karo nduding)

Saknaliko sodron langsung ambruk nang lantai..
Karo setengah sadar,sodron ngomong maneh "berarti sing dadi bojomu iku..."

Sardot banjur njawabi "iyo...sing dadi bojoku iku SIMBAHMU JUMINTEN"

Cah bagus


Episode 20:
Critane sardot sing dadi pacare juminten wis suwi ora apel ning omahe juminten

"mas..pean wis suwi ora tau ning omah sowan bapak.."

"iyo sempurane dik..aku sibuk nyambut gawe golek dwit kanggo nikahane dhewe.."

"padahal bapak wis nyiapno pithik jago mas.."

"mosok dik..?"

"iyo mas..pithik'e gedhe..peso'ne ugo wis di siapno kanggo mbeleh jagani umpomo pean rawuh ning omah.."

"halaah dik,kok bapak repot repot ngono mung perlune kanggo nyambut teka ku.."

"maksut mu bapak repot pie mas..?"

"iku mau kanda mu dik..bapak nganti nyiapno peso gawe mbeleh pithik kanggo syukuran teka ku.."

"maksut ku,pesone kanggo mbeleh pean mas..mulane yen aku ngomong di gatekno tho mas..!!!"

sardot: (mlayu mumpet ning tong sampah)


Episode 21:
Ceritane Juminten emak e Sardot ngongkon(nyuruh) Belonjo nang Pasar...

"Anakku seng bagus rinio nak"

"Wonten nopo mama Jum?"

"mama tukokno Sawi,Endok (telur), Terigu, Minyak, lan ayam nggeh"

"Beres mama Jum, duite Pundi?"

"iki lho... *Ngekeki duit 50 ewu

"lho kakean niki duite ma, 5 ewu cukup kok"

"ya allah pintere kowe lak ngenyang (nawar) dot, yo wis iki 5 ewu"

"sampean enteni 15 menit, nggeh pun kulo berangkat assalamualaikum"

*sak wise 15 menit*

"Mama jum niki pesenan sampean *karo nggowo bungkusan kresek* "

"lho kok iku dot? Aku gak pesen iku"

"nggeh niki mama Jum, pas tho duite"

"iku opo dot?"
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
"Niki MIE AYAM, wes wonten sawine, terigune, endok, minyak lan ayam murah cuman 5 ewu mama Jum *karo pringas-pringis*"

" *Ngemut LPG 3 kg*

Episode 22:
Iki critane sardot nang alas/hutan golek kayu bakar...

Ora sengojo sardot nendang lampu wasiat lan metu jin..
Banjur jin mau ngomong

"tak wenehi 3 permintaan.. Tp ingat.. bojomu bakal olih 10x lipat seko permintaanmu" 

"aku pingin dadi wong ganteng"

"oke..tp bojomu ayune 10x lipat ,..abra kadabra..CLINGGG"

saknaliko sardot malih dadi wong ganteng.

"sak'iki kari 2 permintaan" jare jin

"aku jaluk sugih"

"oke..tp bojomu bakal sugihe 10x lipat...abra kadabra...CLINGGG"

Sak naliko sardot dadi wong sugih

"saiki panjalukmu sing terakhir opo cah ganteng?"

karo ngomong lirih sardot banjur ngomong "aku jaluk penyakit Jantung ringan"

"ABRA KADABRA..CLING.."

Saknaliko bojone sardot langsung kejet-kejet

Cah Bagus


Episode 23:
Isuk isuk wetenge sardot wis kroso luwe

sisan nunggu juminten masak,sardot jagongan ning ngarep omah sinambi moco koran

ora suwe ndilalah enek bakul sego goreng liwat

sardot langsung nyeluk(mengundang) bakul mau

"pak..sadean nopo..?"

"niki mas..sadean skul goreng.."

"sporsi pinten pak..?"

"ingkang biasa 4.000,ingkang spesial 6.000 mas.."

"dagangane tasih kathah pak..?"

"tasih mas.."

"nggih pun yen ngoten kulo pesen pak.."

"pesen nopo mas..ingkang biasa nopo ingkang spesial..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"pesen,menawi sadean ingkang sabar..ngoten niku resiko sadean,kadang rame kadang sepi pak.."

bakul: (ngrikiti grobak)


Episode 24:
Ceritane bapake Sardot kuwi bandar judi,Preman
lan seneng Mendem tapi sak wise Mendem bapake
Sardot wafat gara-gara Miras Oplosan tapi Sardot
sayang karo bapake...

"Huwaaa...huwaaa... Bapak sampean ojok mati
pak aku engkok gak ono koncone"

sakwise nangis-nangis Alm. Bapake Sardot
diAdusi, diKafani, diSholati lan terakhir dikubur,
nang kono ono pak ustad tapi aneh e Sardot
nggolek Sampah karo godong garing terus
ditaburno nang Makam e bapak e

"Loh dot kok malah mbok taburi sampah lan
Larakan ngunu"

"gapopo tad iki tondo aku sayang mbek bapak"

"lak sayang iku yo taburono kembang ojok
sampah lan larakan"

"sampean ngerti bapakku bandar judi, seneng
mendem lan preman kan?"

"yo ngerti dot opo maneh tatto ne seng tulisane
DOA IBU"

"lha masalahe bapak niku katah duso dadi kulo
wedi bapak disikso Malaikat nang njero kuburan"

"terus hubungane naburi sampah karo larakan iku
opo?"

"ben Malaikate

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Ngiro Makam wes suwi dadi Malaikate gak
ngerti lak niku Makame bapak seng sektas dikubur
dadi bapak mboten ditakoni Malaikat kaleh disikso
Malaikat pak ustad #karo pringas-pringis"

"#ngepruk ndase Sardot karo Maesan"

AAJ

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama