Kumpulan humor jawa dari facebook part 2


Episode 25:
Wengi iku sardot budhal ning omahe juminten

dandanane necis,parfum ugo wangi

tekan ning omahe juminten,sardot ngajak metu juminten ning cafe

ning cafe,wong 2 mau ngobrol ngalor ngidul

mergo dasare playboy cap tengu,sardot langsung ngentokno rayuan gombale marang juminten

"dik..bapak mu manager hotel yo..?"

"kok ngerti mas.."

"mergo yen cedhak awak mu,hawane pingen nginep ning ati mu dik.."

"hehew..mas sardot iso wae..ngomong ngomong yen cedhak pean,aku kelingan judul lagune ADA BAND mas.."

"opo dik..'kau aura ku' yo..?"

"ora mas.."

"opo sing 'surga cinta' dik..?"

"ora kuwi mas.."

"terus sing opo dik..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"MANUSIA BODOH mas..!!!"

sardot: (krukupan taplak mejo cafe)


Episode 26:
Mergo kerep(sering) melek bengi,awak'e sardot dadi loro(sakit)

di ombeni jamu ora ngefek,di pijetno ugo ora ngefek,akhire sardot mutusno prikso ing rumah sakit

"wonten ingkang saget kulo bantu pak..?"

"niki dok..kadose awak kulo wonten ingkang bermasalah.."

"niku mripate panjenengan ingkang bermasalah pak.."

(gumun)
"lhoh..dokter kok saget langsung ngertos mripat kulo ingkang bermasalah..padahal dereng di prikso.."

"injih pak..mergo bapak.."

"mergo kulo nopo dok..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"MERGO BAPAK SALAH MLEBET PANGGON...ING NGAJENG(NGAREP) KAN WONTEN TULISANE 'RUMAH SAKIT HEWAN'"

Sardot: (ngrikiti korsi pasien)


Episode 27:
Sardot sing nembe nyambut gawe luar kota,atine bungah(senang) mergo saben jam di sms juminten bojone

jam08:00 - sugeng enjing mas...GBU

jam10:00 - sampun sarapan tow mas...GBU

jam12:00 - ampun ksupen(lali) maem siang lan sholat mas...GBU

jam14:00 - ampun kesel kesel nyambut damel mas...GBU

jam16:00 - wangsul nyambut damel antos antos(ati ati) mas...GBU

jam18:00 - sholat lan dhahar riyen mas...GBU

jam20:00 - ampun begadang nggih mas...GBU

jam22:00 - sugeng ndalu lan sugeng tilem mas...GBU

Sardot sing penasaran mergo saben sms enek ukoro "GBU"-ne,langsung mbales takon juminten

(dik...GBU iku artine God Bless yoU yo..?)

(ora mas..sanes niku..)

(terus artine opo dik..?)

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

(GUE BUTUH UANG G*bl*k..memange enak,di tinggal kerjo luar kota ora di kirimi dwit blonjo!!!)

sardot: (nithili chasing hp)


Episode 28:
Iki critane sardot ngajak juminten nonton bioskop.
Sakwise bubar nonton bioskop, sardot ngajak juminten nang buri gedung sing nggon sepi lan peteng ( gelap )

"jum filme mau apik opo ora?"

"apik bnget mas..romantis..dadi pingin cepet" nikah aku mas....kapan awak'e dewe nikah mas?"

"soal nikah gampang jum...aku ngajak kowe nang nggon sepinan kene aku pingin duduhi barangku karo kowe jum...."

"m
oh ah mas...aku wedhi..mengko nak ono uwong weruh piye?.."

"ora popo...ora ono wong weruh"

Bubar iku sardot ngomong maneh

"piye jum kowe seneng pora dolanan barangku.."

"iyo mas.. aku seneng dadi pingin dolanan barangmu maneh"

"hehehe.,.yo iki seng jenenge HP KELUARAN TERBARU"

Cah bagus


Episode 29:
Iki critane sardot dolan nang omahe sodron sing gaweane mproses kopi luwak..
Saben dolan,sardot di suguhi wedang kopi luwak sing rasane wuenak

"dron iki wedang kok rasane ora koyok biasane..rasane kok kecut sengir-sengir"

"iku kopi rasa baru ..kopi kucing"

"sik sik aru ora mudeng karo omonganmu..piye maksude"

"ngene lho dot..aku duwe inspirasi pingin gawe kopi rasa baru..papi sing mproses kui 
kucing dudu luwak..amargo kucing ora doyan kopi, kopine tak gawe bubuk terus tak campur karo iwak asin,nah eek'e kucing mau tak jupuk terus tak pepe, terus tak gerus lembut, terus tak saring tak gawe wedang..nah kebetulan kowe sing pertama kali sing nggrasakno..piye dot enak ora wedang kopine?"

"enak dengkulmu mlocot kui..opo ono TAI KUCING rasane enak"

Cah bagus


Episode 30:
Awan iku, sardot dolan nang omahe juminten

"mas sardot hubungane awak'e dewe wis ono pirang taun"

"kurang luwih 7thn.ono opo tow jum"

"piye mas umpomo bulan agustus iki awak'e dewe nikahan?"

"wah ora isoh..aku ngeterne simbahku mudik .mesti aku yo nginep nang gone simbah 1 bulan"

"yo wes nak bulan september piye mas.? Isoh opo ora"

"wah ora isoh jum..pakdeku kan nyalon lurah aku mesti melu ngewangi gaet masa..."

"yowes mas bulan oktober yo mas nikahane.."

"wah bulan kui aku yo ora isoh..aku wis janjian karo uwong dadi blantik jual beli tanah...umpomo suk bulan november wae piye jum?"

"wah yo ora isoh tow mas..bulan iku kan kowe nang rumah sakit"

"lho kowe kok ngerti jum nak aku nang rumah sakit..aku kan dudu dokter"

"sedelo maneh SIRAHMU TAK KEPRUK KURSI"

Sardot :@&%???

Cah bagus


Episode 31:
Tinimbang ora enek gawean,sardot iseng iseng mancing

sardot nyiapno kabeh peralatan mancinge

ora suwi mancing,sardot mulih nemuni juminten bojone

"mas,kok pean cepet banget mancinge.."

"iyo dik,aku khawatir ninggal pean dhewean ning omah.."

"hehew..ngomong ngomong iwake gedhe gedhe mas,ugo akeh sisan.."

"iyo iki dik..aku ugo ora nyongko bakal entuk iwak gedhe lan akeh.."

"opo pean mancing ning kali wetan omah iku yo mas..?"

"ora dik.."

"berarti mancing ning kolam pemancingan kidul omah kae yo mas..?"

"ora dik.."

"opo mancing ning laut cedhak omah mas..?"

"ora dik.."

"terus pean mancing nandi mas..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"aku mancing ning akuarium omahe dhewe dik.."

juminten: (nithili pakan iwak)


Episode 32:
Sardot sing pengusaha sukses duwe kebiasaan buruk yo iku sengeng brhubungan karo wong wedok nakal

Bengi iku,sardot sardot mlebu nang warung remang2.
Ora nyono sardot weruh juminten sing ayu.

Banjur sardot nyedak'i lan takon

"piro taripe dik wong ayu"

"500ewu mawon mas"

"oke.."

Sardot langsung ngajak juminten mlebu kamar.

Bubar iku juminten muring-muring

"piye tow iki.. Aku kok mbok bayar duit palsu "

"tenang tow wong ayu..kok sampean muring-muring...sing penting kan kowe tak bayar genep"

"Tapi iki duitmu palsu?"

" emange BARANGMU ASLI?"

#Juminten :??@&%??


Episode 33:
Bengi iku sardot sing rambute gondrong mlebu nang Salon

"mas aku arep cukur rambut"

"model cepak opo mandarin mas?"

"hah !! Iku wis model kuno..aku pingin di cukur koyok model artis jaman sak'iki"

"emange kowe arep cukur model artis sopo tow mas"

"anu...aku pngin cukur koyok artis AHMAD DHANI"

Tukang salon banjur bengok "ngomong wae nak arep cukur GUNDUL GOBLOK"


Episode 34:
Juminten sing umur 60thn, pingin ngrayakne ulang tahun pernikahane karo bojone yoiku sardot sing umure 40thn makan2 nang restoran.

Tekan restoran, Juminten ora sengojo nendang kaleng minuman.

Ujug2 ono jin sing metu seko kaleng minuman mau lan ngomong.

"matur nuwun tuan..tuan sampun bebaske kulo saking kaleng minuman..sebagai ucapan trima kasihku ku beri masing-masing 1 permintaan"

Juminten ba
njur ngomong

"aku pngn ngrayakne ulang thn pernikahanku nang Bali,nginep nang hotel bintang 5,lan jalan2 keliling pulau bali"

"oke.. abra kadabra" 

ujug2 nang mejo ngarepe juminten ono duit 20jt lan tiket pesawat

Saiki giliran sardot 

"kowe arep jaluk opo cah bagus??" Jare jin

"Aku jaluk bojo sing umure luwih muda 20 thn seko umurku"

Juminten sing krungu penjaluk'e sardot banjur cemburu lan setengah emosi.

Si jin banjur ngomong

"oke..abra kadabra"

Saknaliko juminten guyu ngakak weruh sardot umure malih 80 tahun

Cah bagus


Episode 35:
mari sholat ied,sardot ning omahe sodron silaturachim jaluk ngapuro

"dron..sempurane yo,umpomo aku duwe salah karo pean.."

"iyo dot..podho podho..ugo sempurane umpomo aku duwe salah,sengojo utowo ora sengojo.."

"sempurane aku kerep(sering) ngapeli paijem bojo mu wektu kowe ora ning omah dron.."

"haah..keterlaluan kowe dot..tego karo aku!"

"sempurane aku ugo pernah icik icik ehem karo bojo dron.."

"haah..kurang ajar kowe dot,tego karo aku..nganggo k*nd*m ora dot?"

"sempurane dron..aku ora nganggo k*nd*m wektu icik icik ehem karo bojo mu.."

"oh..yo wis,sempurane yen ngono dot.."

"kok malah kowe sing jaluk ngapuro aku dron..kan aku wis icik icik ehem karo bojo mu tanpo nganggo k*nd*m.."

"iyo dot..ngapurane sing gedhe,mergo aku ora pernah crito karo kowe.."

"crito opo dron..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"crito yen bojo ku wis 3 ulan iki kenek HIV/AIDS"

Sardot: (nyebul k*nd*m)


Episode 36:
Ceritane Sardot oleh THR teko bos e
lan ape dikekno nang Juminten

Sardot: "Yayang Jum THR ku iki tak kekno kabeh
gae Sampean"
Juminten: "ya Allah pak... Sampean lak ngene
Ngganteng tenan..." 
Sardot: "Sampean itung yank
be'e THR e kurang"
Juminten: "*dibuka* nggak pak wes Pas 500 ewu
duit e..."
Sardot: "Alhamdulillah lak ngono yayang Jum"

*terus Sardot adus sak wise Sardot adus Juminten
takok*

Juminten: "ehh pak duit nang ndukur e Lemari iku
duit opo?"
Sardot: "oh iku duit Kampret Yank"
Juminten: "Opo iku duit Kampret?
Duite Batman ta?"
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Sardot: "Kamprett... Duit wes tak delikno mbok
temu ae"
Juminten: ????

AAJ


Episode 37:
ning RSJ,poro pasien nembe dolanan bal balan

nanging anehe,bal sing di guna'ake yoiku bal bowling

bal bowling di tendang ngalor ngidul karo poro pasien RSJ

Dokter sodron sing weruh seko adoh,mung gelang geleng mergo maklumi

nanging ning pojokan lapangan,dokter sodron ugo weruh pasiene sing jenenge sardot

akhire dokter sodron marani lan takon sardot

"lapo dot,kowe ora melu kanca kanca mu liyane dolanan bal balan..?"

"boten dok..menawi kulo tumut(melu),wedi(takut) samparan(sikil) kulo ajur..mergo ingkang di tendang bal bowling dok..leres boten?"

"hmmm..bener kowe dot..sajake kowe wis waras.."

"hehew..suwun dok.."

"terus ngomong ngomong,nopo kowe ning pojokan kene dot..?"

"kulo..

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

ngentosi umpan lambung dok..dadose mangkih namung tinggal nyundul ing gawang.."

sodron: (ngelek bal bowling)



Episode 38:
sardot lan juminten iku wong mlarat wis suwi

mergo wis ora betah dadi wong mlarat lan pingen sugih,wong 2 mau lungo ning dukun sodron

"mbah..kulo pingen dados tiyang sugih.."

"gampang le syarate..yen pas kowe nguyuh,ojo nganti madep ngulon.."

sakwise di kandani dukun sodron,sardot lan juminten mulih numpak sepeda onthele ora sabar pingen cepet cepet dadi wong sugih

nanging ning dalan,sardot kbelet nguyuh

akhire sardot nguyuh ning pingir dalan ngisor wit asem

saking ksusu,sardot ora sadar jebul awake madep ngulon

mari nguyuh,juminten ngelikno(menegur) sardot

"mas..pean kok nguyuh madep ngulon..iku kan pantangan seko dukun sodron mas.."

"tenang dik..ora usah gemrungsung..dhewe bakal sido dadi sugih.."

"kok iso mas..alesane opo?"

"masio aku nguyuh madep ngulon,nanging..

"nanging opo mas.."

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"'garan' ku tak adepno ngalor dik!!!"


Episode 39:
Critane Sardot apep ngajak juminten2 nang tempat wisata

"Piye jum karo penampilanku dino iki?"

"wah sampean katon ganteng tenan kang"

"yow jelas nuw...sardot marcodot gitu lho"

"jan gagah tenan kang.nganggone jaket kulit senajan seko kulit mlinjo,celonone jeans, tp sampean ora patut lho kang nganggo sepatu "

"lho kok ora patut kepiye tow jum?? Kan wis setelane nak nganggone jaket iku patute nganggo clono jeans lan sepatunan"

"tapi sing mbok enggo (pakai) iku SEPATU JINJITKU kang"

"HAH !!! "

Cah bagus

Episode 40:
Iki critane sodron sungkem nang omahe sardot

"kang sardot aku jaluk ngapuro yo kang ..aku wong nom sing kebak salah karo kowe "

"podo-podo yo le..aku wong tuwo smono ugo jaluk pangapuro karo kowe.. umpono omonganku wingi-wingi gae loro atimu..mugo-mugo ing dino fitri iki di pangapuro dosoku karo kowe...kae le opo sing ono nang mejo di pangan..kae sing gawe mbakyumu juminten kabeh"

"panganane wa
keh timen kang.."

"iyo le..kae nak kowe pingin mangan kupat yo jupuk'o dewe..kae yo ono jenang dodol,roti,krupuk..cepet ndang di sambi opo sing mbok pingini"

"wah yo ra entek kang nak kon mangan panganan sak mono akehe..nganu kang aku tak nyilih plastik utowo kandi tak gawe ngadahi panganane kang...tak gowone mulih wae daripada tak pangan yo ora entek (habis)"

"wis ndang minggat seko kene GEMBEL !!"

*Sodron karo di balang sandal*

Cah bagus


Episode 41:
sardot lan sodron pagaweane dadi tukang isi avtur(BBM) pesawat jet

awan iku lagi ora enek pesawat jet sing ameh ngisi avtur,mulo wong 2 mau podho guyonan

"dron..kowe reti ora,yen ngombe avtur kuwi enek khasiate.."

"mosok sih dot,enek khasiate..opo ora malah marai keracunan?"

"ora percoyo tow kowe..tak kandani dron,ngombe avtur kuwi iso marakno awak sing loyo dadi kuat,terus mumete sirah iso il
ang,lsp.."

mergo percoyo wae karo sardot,akhire sodron ngombe avtur,terus di lanjut sardot ugo melu ngombe

sejam ngombe avtur,sardot lan sodron ora ngrasakno opo opo

mergo wis sore,wong 2 mau mulih omahe dhewe dhewe

sesuk'e isuk isuk,sodron nompo tilpun seko sardot

"pie dot..enek opo,isuk isuk kok wis tilpun?"

"ora dron..aku mung ameh takon,sakwise wingi ngombe avtur,nganti saiki kowe wis ngentut durung..?"

"durung dot..memange nopo?"

"syukur yen ngono dron..soale pas tangi turu aku ngentut,ngerti ngerti iki aku wis tekan medan dron"


Episode 42 :
Bengi iku,sardot ngajak juminten jajan nang warung nasi goreng.

tekan warung nasgor,sardot lungguh kursi sing mejone nomer 5.terus sardot di cedak'i pelayane

"pesen nopo mas?"

"aku pesen nasgor 2.
Sing siji pedes sing siji ora pedes,
sing pedes nasine wakeh,sing ora pedes nasine sithik wae,
sing nasine wakeh nganggo telur ceplok,sing nasine sithik nganggo telur dadar,
sing nganggo telur dadar nganggo kecap,sing telure di ceplok ora nganggo kecap,
sing nganggo kecap krupuk'e sithik wae,sing ora nganggo kecap krupuk'e sing wakeh..
Sing krupuk'e wakeh ora nganggo bawang goreng,sing krupuk'e sithik bawang gorenge di wakehi..
Lan siji maneh gak pake lama aku gelak luwe"

Pelayane mau banjur mlaku nyedak'i juru masak'e karo ngomong " Mejo no 5 Pesen Nasi goreng 2..sing siji LOMBOK'E 20,SING SIJI LOMBOK'E 50"

Cah bagus

Episode 42:
ning kampunge sardot,koyok biasane saben agustus mesti enek lomba

pas iku sardot lan sodron melu lomba sepeda

peserta sing melu wis akeh lan antusias

sardot wis siap karo sepeda jengkine

lomba di mulai,itungan telu kabeh peserta langsung mancal sepedane

poro peserta dhisik dhisikan pingen cepet tekan finish

sardot ugo ora gelem kalah,numpake katon rossi,nikung nengen nikung ngiwo

mergo banter,ora nganti 5 menit sardot wis tekan garis finish

di susul peserta liya liyane ugo akhire tekan garis finish

pas di umum'no sopo juarane,sardot kaget mergo mukri sing dadi juri mutusno sodron sing dadi pemenang

"eh kri,maksut mu gek kepiye..aku sing pertama tekan finish,nanging kon sodron sing menang..kowe bujuki(ngapusi) aku yo!"

"ora ngono dot.."

"opo gelem,kowe tak laporno pak RT!"

"tapi dot.."

"tapi tapian nopo maneh..jelas aku sing pertama tekan"

"iyo..tapi iki kan..

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

lomba balapan sepeda lambat dot"


Episode 43:
Crita seko wall Sams Bonek Juga > PUSATE PARIKAN&DAGELAN WONG JOWO
MISTERI GUNUNG KEMBAR

dino iki, Sardot, Sodron lan Paimin ameh munggah gunung kembar sing terkenal angker..

bermodal nekat arek 3 mau munggah gunung karo ngowo perlengkapan kemah, nag pertengahan dalan. Sardot sing paleng elek dewe antara liane ketemu wong tuek gae klambi serba putih, jenggot putih lan rambut putih
"wahai pemuda,
 ojok sampek kowe lan konco.koncomu, ngidek kodok.kodok peliharaanku, nek sampek koen ngidek, jodohmu pasti elek"wangsite mbah mau
amargo wedi, sardot langsung ngejar koncone, ambi ngos.ngosan sardot cerita kejadian mau teng kancane."rek, ojok sampek ngidek kodok nag gunung iki, mengko onok kutukan jodoh.e awak dewe elek"
"dot..dot.. ngunu ae dpercoyo, tahayul iku"sodron nimpali..

sampek neng puncak gunung sardot seneng, soale ora ngidek kodok, tapi Sodron kara Paimin sering ngidek kodok..

10 taun sakwise, arek 3 mau reunian, acara buka bersama nag mall, Sardot, Sodron lan Paimin ngowo bojo.e masing.masing
"eleng 10 taun mbiyen nag gunung kembar nga rek? kedadian temen kan kutukan iku?, ndelok.en bojomu Dron mirip mpok norik, Min ndeloken bojomu mirip mpok atik, lah deloken bojoku, mirip luna maya, iki amarga aku ora ngidek kodok blas"jare sardot
"iyo..yo.. bener jare sardot yo dron, aku nyesel nga percoyo nag kowe Dot"Paimin nimpali
amargo penasaran Sodron takon nag bojoe sardot
"mbake, sampean kok purun teng kanca kulo sing mirip tukul niki? padahal sampean ayu mirip luna maya?"
"niku mas, kulo kenek kutuk teng gunung kembar amargo ngidek kodok"

#Sodron lan Paimin ngakak terus mencolot (lompat) teko mall sing tingkat 10


Episode 44:
Budhal makaryo nuju ing cino
Awak smaput turu siseh gapuro
Dino riyoyo kurang sdino
Menowo luput nyuwun ngapuro

Tuku batik mung gawe gaya
Batik pekalongan di wadahi rantang
Pingen mudik ora duwe biaya
Nyilih utangan gawe nukokno k*tang

Pitik walik wulune rusak
Mangane kapur jupuk seko sampah
K*tang cilik di enggo sesak
Lungo dapur gantinen tampah


Episode 45:
Crita seko wall >>>Itqon Hakim PUSATE PARIKAN & DAGELAN WONG JOWO

sardot panen tebu gede2an, hasile melimpah, 
amargo nduwe duit akeh sardot kepingin ngelencer nek jakarta numpak montor mabur (pesawat udara).

akhire sardot kasil numpak montor mabur cap manuk garuda, sardot koyok wong ngerti toto coro numpak montor mabur, padahal babar pisan ora ngerti mergo durung tau.
lungguh nek bangku palin
g ngarep, nyekel koran, tapi mripate ndelok jendelo.

ora benggang 5 menit juminten melebu arep lungguh nek bangku sing dilungguhi sardot 

"mas iki lungguhanku, tolong sampeyan pindah neng bangku ne sampeyan dewe, nomor piro bangku sampeyan?"

sardot njawab "walah mbak mbak, lha wong bangku akeh kok ngajak rebutan iki kepiye to?" (karo mendelik)

pramugari ngerti nek ono masalah langsung nyedaki tur takon karo juminten "wonten nopo niki kok ribut?"

"niki lho mbak, bangku kulo kok di panggeni lare niki".

manthuk2 pramugarine terus njaluk tikete sardot "walah mas mas, njenengan niku tikete ekonomi, ampun lenggah wonten mpriki, tapi teng wingking mpriko, bangku nomr24 A"

"kowe sopo to kok ngongkon aku pindah2 mburi"

"kulo niki pramugari"

"pramugari iku opo?"

"pramugari niku ingkang ngelayani panjenengan wonten sak lebete montor mabur"

"lha yo babu ku kok wani ngongkonaku iki kepiye, ora usah aneh2, aku wegah ngalih"

pilot sing lagi melebu melu kaget ndelok wong podo ribut, trus takon nang pramugari, lan diterangne karopramugarine. paham masalah, pilot banjur ngomong karo sardot "mas njenengan lungguhe niku mboten teng mriki, tapi teng wingking"

"kowe sopo maneh?"

"kulo pilot"

"pilot iku opo?"

"pilot niku sopire montor mabur niki"

"sopirku kok ngatur aku, sing pas iku aku ngatur kowe, wegah aku manggon mburi, nek kene enak kok"

let sediluk sodron melebu pesawat, ndelok ono ribut koyok ngono si sodron takon nang pilote "ono opo to pak? kok koyok ono sing ora bener"

"nggih mas, niku lho tiyang tikete ekonomi kok lenggah teng kelas bisnis, ingkang gadah hak kursi mboten terimo"

"wis kene tak atasane"

banjur sodron nyedaki sardot"nuwun sewu, asmane sinten?"

"kulo raden mas sardot"

"jenengan bade tindak pundi?"

"arep menyang jakarta"

"weleh...... ajeng teng jakarta kok lenggah mriki? niki jurusan medan, nek ajeng teng jakarta niku lenggahe wonten wingking"

"he ladalah..... untung sampeyan elingne mas, nek ora di elingne aku biso bablas tekan medan, kurang ajar sopir karo babu iku, kawit mou gak ngomong nek kene jurusan medan..... matur nuwun yo mas"

Episode 46:
Iki critane Juminten sing umur 60thn lan rondo rabi maneh olih sardot sing dudo umur 70thn

pas malem pertama nang jero kamar,juminten nganggo pakaian sing tipis wernane coklat persis werno kulite..

"kang sardot, cobo delengen (lihat) aku kang...py kang penampilanku?"

"biasa ae "

amargo ora ngefek,malem ke 2 ne juminten ora nganggo pakean maneh, terus ngomong karo sardot

"piye kang penampilanku bengi iki "

Amargo weruh pmandangan kuwi, sardot karo KLAMET-KLAMET banjur njawabi

.

.

.

.

.

.

.

"nak nganggo klambi mbokyo di setriko tow jum..klambi ngluntung kabeh mbok anggo"

Cah bagus



Episode 47:
Sore iku,sardot dolan nang omahe juminten pacare

"jum sak durunge awak'e dewe nikah bar lebaran aku arep takon kowe jum"

"arep takon opo mas..koyok'e serius banget"

"ngene jum..sak durunge kowe dadian karo aku opo kowe duwe cowok liyo jum? Soale pergaulan saiki kan bebas .aku wedi kowe wes ora prawan maneh"

"oke tak jawab..sak durunge aku dadian karo sampean aku wis duwe pacar jenenge mas sodr
on. Tp wong tuane mas sodron ora ngrestui. Dadine hubunganku karo mas sodron wis putus. Soal keprawananku aku isih prawan kok mas.nak sampean ora percoyo sampean takonno dewe mas sodron"

Esuk'e sardot langsung nang omahe sodron lan takon

"opo bener kowe mantane juminten dron?"

"iyo dot..ono opo tow dot koyok'e kok serius amat pitakonmu"

"ngene dron..juminten kan bakal bojoku, aku pingin mastikne opo bener nak juminten iku isih prawan"

"tak jamin 100% dot nak juminten iku isih prawan.kan juminten ora tau pacaran karo wong liyo selain aku..tp wong tuaku ora setuju"

"syukurlah nak dewekne isih prawan...tp ngomong-ngomong kowe kok ngerti nak juminten isih prawan dron"

"yo jelas ngerto now...kan dewekne wis tak jajal 2 bengi dot...asli isih prawan "

"syukurlah...hah !!! kowe mau ngomong opo wedhus Gembel !!!"

Cah bagus


Episode 48:
Saktenane sardot karo sodron iku musuh bebuyutan awit biyen,katon asu lan kucing sing ora iso akur

sakwijining dino,sardot pingen menehi(memberi) pelajaran marang sodron

mulo sardot karo juminten bojone rembug'an,pelajaran opo sing pantes kanggo sodron

sakwise rembug'an,akhire sepakat juminten sing bakal turun tangan

wengi iku juminten mlebu omahe sodron

1 jam sakwise,juminten metu seko omahe sodron

mergo suwi,sardot takon marang juminten

"kok suwi banget nopo bu'ne..?"

"hahaa..rencanane dhewe berhasil pak'ne.."

"maksut mu bu'ne..?"

"aku berhasil nyekap anak'e musuh mu sodron pak'ne.."

"wah..jan pinter tenan kowe bu'ne..ora sio sio aku duwe bojo koyok kowe.."

"jelas tow pak'ne..aku geto lhooh..!!!"

"ngomong ngomong anake sodron mok sekap ning ngendi bu'ne..?"

"iki pak'ne,tak sekap ning weteng ku.."

sardot: (nangis goling goling ngemut dot bayi)


Episode 49:
Sodron kuwi pengacara kondang,saking kondange,kabeh wong wedhok di selingkuhi

wektu iku sardot selingkuh karo paijem ning jero mobil

sesuke pas ameh ning toko emas,juminten bojone sardot nemuke(menemukan) CD ning jok mobil

mergo emosi,juminten langsung nyuwek(menyobek) CD mau

banjur juminten muring muring karo sardot
"mas..pean selingkuh yo..?"

"kok pean iso ngomong ngono dik,buktine opo..?"

(dudohno CD)
"iki buktine..iki ora CD ku..iki ukurane S,yen CD ku kan ukurane L..pean tego khianati aku mas.."

"kosik dik..ojo muring muring ngono,ora apik..aku tak jelasno dhilit.."

(emosi)
"memang pean ameh jelasno opo maneh..dasar playboy cap tengu!!!"

"ngene lho dik..kuwi CD barang bukti kasus pemerkosaan sing nembe tak tangani,gajine miliaran..mergo mok suwek suwek,saiki lalikno(lupakan) wae tuku emas.."


Episode 50:
Bengi iku,sardot karo juminten lg ngobrol nang taman

"jum dingaren wetengku kroso luwe"

"nganu wae mas mangan nang restaurant wae yuk"

"emange menune opo wae nang restorant jum?"

"wuakeh mas.ono spagety, seafood,hamberger,pizza lan isih wakeh menu liyo-loyone pokok'e komplit"

"nak tuku tapi di bungkus yo olih jum?"

"yo olih tow mas.sing ra olih iku nak sampean nang restorant terus njaluk"

"yo wis jum nyoh iki duwite..bungkus 2 yo jum" 

"iki bungkus seafood opo spageti mas"

"anu wae jum..bungkus NASI JENGKOL,karo Sambel Trasi. "

*juminten :%@$&???*

Cah bagus


Episode 51:
Awan iku,mukri lagi ngguyu dewe. Ora suwe,sardot banjur teko (datang) lan takon

"kri kowe po lg edan anyaran tow? Guya guyu dewe"

"aku guyu mergo bar moco buku crita lucu. Iki buku lucu buanget"

"tak nyilih bukune dilit kri"

"oh ndak bisa. Yowes gentenono 50ewu wae. Nak buku iki ora lucu duit kembali 2kali lipat"

"oke."

Sardot langsung bayar bukune mukri.

sakwise moco buku,sardot langsung guyu ngakak.

Ora suwe,sodron teko lan takon

"ngopo dot kok guyu dewe? Wes dadi wong sableng tow kowe?"

"sableng dengkulmu mlocot kui.aku lg moco buku crita lucu ngerti ora?"

"aku tak nyilih bukune dot.aku lagi galau ki"

"eit..iki buku olihe tuku dron. Ngene wae apik-apikan ati. Buku iki gentenono wae . Karo konco dw tak wenehi rego murah. 150ewu wae.tak jamin buku iki lucu banget.nak kowe moco buku iki ora ngguyu. duitmu tak balikno 2kali lipat. Gelem ora"

"oke"

sodron langsung bayar bukune mau lan langsung bukak halamane.

Sakwise iku sodron langsung guyu kepingkel-pingkel.

Sardot sing heran banjur takon

"lucu tow bukuku..iku buku lucu banget dron.dadi kowe ora rugi nggenteni 150ewu"

"aku guyu ora mergo moco buku iki dot"

"lha terus guyumu mergo opo?"

.

.

.

.

.

.

.

.
" aku arep jaluk duitku 2kali lipat. Aku kan ORA ISOH MOCO BUKU"

*sardot ndilati bukune*

Cah Bagus



Episode 52:
Sardot mulih kerjo jam5 sore karo nyangking es kolak kanggo buko poso

tekan omah,es kolak di suntak ning gelas

sinambi nunggu adzan maghrib,sardot nyetel tipi karo leyeh leyeh

mergo saking kesele,sardot keturon ning ngarep tipi

sardot tangi sakwisi krungu adzan tipi

(allahuakbar allahuakbar...laillahaillalah...)

"alhamdulillah wis adzan...wancine buko"

sardot langsung ngombe es kolak sing mau di tuku

nanging sardot kaget mari moco tulisan ning adzan tipi

jebul ning tipi mau tulisane:

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"SELAMAT MENUNAIKAN IBADAH SHOLAT SHUBUH UNTUK WILAYAH SEMARANG DAN SEKITARNYA"


Episode 53:
Sardot sing dadi dokter gigi sawijineng dino entuk tugas nang pedesaan terpencil guno menehi penyuluhan karo masyarakat yeng ngrawat gigi iku penting.

Sakwise masyarakat podo kumpul nang balai desa, sardot langsung menehi pengarahan.-pengarahan coro-cocone nyikat gigi sing bener. 

sakjroning menehi pengarahan, sardot weruh mbah juminten sing umure 65 tapi untune isih wutuh kabeh.

Sardot sing h
eran ,banjur nyedak'i mbah juminten lan takon.

"kulo gumun kaleh sampean lho mbah. Sampun sepuh kok untune tasih wutuh. Kulo dados dokter nembe niki ngertos tiyang sampun sepuh tapi untu tasih utuh"

"kulo kan rajin ngrawat untu kulo pak dokter"

"lha carane ngrawate untu sampean pripun mbah ? Kulo tak blajar kaleh sampean supados kulo tambh wawasan malih"

"carane gampang pak dokter.. Untune di COPOT, di rendem banyu anget,di SIKAT ,terus di PEME (jemur). Beres deh"

sardot :@%&@???

Cah Bagus



Episode 54:
sore sore sardot mulih kerjo karo gowo kalung kanggo surprise ning juminten

tekan omah,sardot kaget mergo ning kamar krungu sworone juminten karo wong lanang

mergo penasaran,sardot nyobak sabar lan ngrungokno(mendengarkan) opo wae sing di lakoni juminten karo wong lanang liyo mau

"ayo jum...bantu nyekeli yo..."

"iyo mas..."

"tak puter alon alon yo jum..."

"he'em mas...alon alon wae...wis metu durung mas...?"

"durung jum...dhilit kas paling jum..."

"ora sabar aku mas..."

"huft...akhire jum...iso metu...lego..."

sardot sing ora iso ngempet emosi,akhire jupuk linggis karo dobrak lawang

juminten lan wong lanang mau langsung kaget

"lapo kowe jum...bojo di rewangi kerjo golek dwit,kowe malah icik icik ehem karo lanangan liyo!"

"aku ora icik icik ehem mas..."

"terus mau ngopo karo lanangan kuwi...jawab!"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"kran banyune kan rusak ora metu banyune mas,mulo aku jaluk tulung sodron mbenak'no mas..."


Episode 55:
Esuk iku,sodron dolan nang omahe sardot keperluane pingin nyilih motor ninjane sardot sing anyar

"kang sardot aku tak nyilih motore dilit gwe ngeterke bojoku nang pasar golek klambi kang"

" kowe ngerti ora sih nak motore lg tak dandani. "

"emange sing rusak apane tow kang?"

"yo embuh..sing jelas motor iki ora gelem mlaku"

"mungkin banne di colong maling siji yak'e kang"

"jane kowe weruh ora sih drun ..ban isih komplet 2 ngene kok.mesin yo urip, bensin yo full "

"aha..aku ngerti masalahe kang soal motormu ra gelem mlaku.iku mesti kabotan (keberatan) beban.cobo pikirin knalpot sak mono dawane tur guede, tangki ne yo guede, jok motore ugo lampune ugo gede2. Cobo copoten kabeh engko motormu lg gelem mlaku"

"dingaren otakmu encer dron..ayo iwangi nyopoti disik... mengko nak motore wis isoh mlaku silihen.. 

wong 2 banjur do temandang nyopoti motor..

Juminten sing mulih seko blonjo weruh Sardot karo sodron lg nyopoti motore banjur bengok-bengok

"kang sardot knopo motore mbok preteli sih kang?? Iku kan motor anyar kang !!?"

"masalahe motore kabotan beban jum.. dadi ra gelem mlaku..cobo bayangno mesin muni,bensin full, banne yo isih komplit.tapi knopo kok ra gelem mlaku nak ora kabotan beban? "

"huaaa huaaa iku motore ora gelem mlaku ora masalah kabotan beban kang !! Huaa huaa.."(karo nangis)

"lha terus ?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"masalahe Ban Motore isih Ono GEMBOK'E GUOBLOK !!!" 

*sodron langsung mblayu mulih ra sido nyilih motor*

Cah bagus


Episode 56:
Awan iku, sodron mbalekne motor ninjane sardot..

"nyoh kang motormu tak balekno..matur nuwun yo kang"

"sik sik..motorku opo rusak maneh tow dron?"

"ora kang"

"lha terus knopo motore kok mbok tuntun" 

"aku ora isoh numpak'i motormu..jebul angel kok kang motormu. Bedo karo motor metic sing tumpak'ane gampang" 

"berarti kowe mau ra sido nang pasar karo bojomu gowo motor iki?"

"sido kang..malah motore sing numpak'i bojoku. Aku sing nang mburi."

"weladalah..bojomu kan ra isoh numpak motor dron?? Trus kpiye carane olihe numpak'i motore" 

"carane mesine di pateni disik, terus dewekne numpak.."

"lha terus kowe jare seng nang mburi? Kowe lahopo?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"aku sing bagian DORONG MOTORE"

Sardot :@@??&%$

Cah bagus


Episode 57:


1 Komentar

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama